Cinde Laras


Yen kok sengguh pageblug iki ukuman
kudune sliramu  kelingan
lakonmu kerep nerak gawar nyarug tatanan
banjur blajara angon rasa 
ngliru  panyakrabawa ala 
kalawan panembah lan pasrah
netepi maqome  titah lan gustine
  
Yen kok sengguh pageblug iki pacoban
becike sliranu ngrabuk ati lan nggedhekake etiqotmu
karana Gusti wus janji
nora bakal paring coba
kang ngungkuli wates kasanggupane umate
  
Yen kok sengguh pageblug iki saringan
prayogane ngilo kanthi jujur lan tenanan
donga dongamu isi prentah apa panyuwunan
yagene amalmu  kok pilihi
kabecikanmu kok catheti
banjur piwalese wis kok ijokake
wujud weh lan pangalembana
kamangka sliramu wis pana 
Panjenengane tan kena kinaya ngapa
  
Yen kok sengguh pageblug iki
sarana  ngelingake
yagene nglali yen urip prasasat mampir ngombe
bola bali elingmu, tangismu, sambatmu
mung yen lagi mbutuhake
lan sesuke bali kok lalekake
  
Kok sengguh  apa pageblug iki 
saben dina bola bali  janjimu  
mung nyembah lan nora bakal nyuwun saliyane  Panjenengame kok ikrarake
  
nyatane...
  
Tulungagung, 2020 

By admin

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *